Lintingan Kertas Wong Tegal II

Ajibe kasus nang Indo kuwe kasuse umsuman. Umsum pencabulan ya mbuh kosi kapan isine pencabulan tok. Sepisan ana kabar guru dipenjara gara-gara njiwit muride ya mbuh kosi kapan kaya kuwe terus.

Indo dasare sasaran paling empuk, pan didolohi apa bae ya mlebu, pan ditanduri wijil apa bae ya bakale tukul. Apa sih sing nang dunia ana terus nang Indo laka? Komunis ya ana, syiah ya ana, ISIS ya ana, LGBT ya ana. Mbuh sing salah sapa.

Herane maning sepisan Indo melu-meluan kaya kuwe langsung loh sing dimeluni kuwe dadi gede nemen nang ranah dunia. Berarti emang dasare Indo kuwe ngaruh nemen nang dunia.

Sing gawe lucu ya wong Indo kuwe lokan melu-melu tok, sak srege ati, kayong katone apik ya dimeluni. Pada ora duwe dasar iman apa yah, gur meloni hawa napsu tok. Pada gelem senenge nang dunya, ora gelem mikiri engko nang akherate mbuh pimen nasibe.

Mulane pada sing bener dadi wong Indo. Melasi sung nyong tah karo pahlawan-pahlawan sing wis gawe apik Indo. Melasi nyong tah karo engko anak putune dewek.

Eling ya, kejahatan kuwe ora mandeng sapa wonge, bener kaya apa wonge, angger sepisan ana kesempatan bisa bae wong bener ngelakoni kejahatan. Mulane yuh awake pada disibukna karo kegiatan sing positif, eben apa bae sing dilakokna ya positif.

Wedi lah wedi karo Gusti Allah. Minimale wedi lah karo nerakane angger ora bisa wedi tur isin karo Gustine.

Aku cinta Indonesia seisinya. <3

Lintingan Kertas Wong Tegal I

Mbuka koran isine pelecehan seksual tok. Krisis emang krisis moral siki Indo. Sing uripe ora karuan mbuh pimen ngko masa depane ya putus asa, wis ora peduli harga diri, donge tah ya tangi terus uripe diapiki, wong urip ora sepisan tok, apa maning dunya kur sedelat, ngko suwene nang akherat, sak lawase, gelem ngko disiksa ngana seumur-umur? Ora urip ora mati disiksa ngana. Yuh lah gyan sing siki esih sekolah, sekolahe ya dikentengi, goblok ora papa sing penting oleh ilmu eben dadi wong beradab, ana sing luwih pinter ora papa sing penting koene dewek pinter. Terus sing siki kerja ya nduwe awak dijaga, melasi wong tua ngko melu disiksa, akeh langgar, akeh tempat pengajian, dimeluni dimeluni. Sing sekolah ya ora kedeng kur sekolah tok, buktine siki wong sekolah kesane wong pacaran ora nggenah. Ndi kae bocah sing kutu buku sing lokane maca buku? Ndi? Dieceni tok oh ya. Sing kaya kae sing bener sing kudune ditiru malah dikaya kuwekna. Islam lah islam, islam kuwe agama sing wis lengkap tur jelas ngatur uripe menungsa, gari nurut bae apa angele. Islam nglarang kiye kuwe ya emang bener. Masa nyong maca berita maning-maning kasus kaya Yuyun, cah wadon siji nggo barengan cah lanang akeh, keh cah wadon, rungokna, cah lanang kuwe batire akeh, lanang siji be angel oh ya dilawan, pimen nek misale gawa batir, siki wong dang lagi emosi kuwe ora sadar, fitrah menungsane kuwe wis rusak dadi lakoni apa bae ya ora mikir ngko resikone piben. Terus pimen nek misale kebelet men pengen duwe pasangan? Sepisan maning nyong ngomong gari sinau agama sing bener, jawabane ana kabeh nang islam. Ustad pating tlektek takoni mana lah. Aja mikir lah nyong tah dudu wong alim ngko dikira sok alim, ok siki koen gelem nek misale koen disiksa gara-gara ngurusi omongane kae bocah sing ngomongi ko sok alim? Nek koen disiksa, wong mau miki ora bakal peduli, wong mau miki ora bisa apa-apa, malah ndean lagi disiksa bareng. Ayolah duwe cita-cita kuwe sing apik, dadi wong bener, dadi wong alim, ora peduli alim tingkat RT apa kelurahan, sing penting alim nggo awake dewek, aja gawe wong tua nyesel nglairna ko, tapi gawe wong tua seneng gara-gara ko wong tua bisa mlebu suarga. Wong tua keh seneng nek anake ngalim, wis ora usah kudu juara kelas, njaluk salaman pamit mangkat ngaji be bungahe ora karuan wong tua. Siki keh kudune jamane gawe wong tua seneng, sing cinta mati karo dewek sebener kuwe wong tua, eh malah wong tua dibentak, anake wong sing durung halal disayang-sayang, sih kepiben. Sing wong tuane penjahat be ora gelem anake dadi penjahat kaya bapane. Nek misale ana berarti edan kuwe bapane. Nek misale ana kaya kuwe walaupun islam ngongkon bakti karo wong tua, tapi nek wong tuane kelewat bates islam ngongkon kudu milih islam daripada wong tua. Siki kerja apa bae karepe sing penting halal, dagang? Islam ya wis ngatur, wong nabine islam be mbiyen dagang koh. Masa ya aku maca koran ana bocah SD wis bisa mrawani wong, bocah wadon SMA disogok anune nganggo pacul daning pacare sing esih SMP. Pimen jal? Indonesia sebenere kuwe wis pas, ora sekuler ya ora agamis. Hukumane mesih enak dibanding hukuman negara agama. Apa gara-gara kuwe dadi disepelekna? Gelem sing hukum adzabe Allah langsung? Siki tah kudune ana nang ngarep mata, sing gaib ya ora dipercaya sih pimen lah wong nang qur’an wis kadi awal dikongkon percaya karo goib. Siki keh jamane kudu ana duite ngarepe eben gelem ibadah. Padahal pahala kuwe luwih gede. Pimen rasane jal nek misale nabung trus pas pengen dibobok jebule isine akeh nemen, seneng mbok? Mulane. Kiye aku kaya kiye dudu kerna nyong wong wis bener, aku ya pada egin lakokna dosa, mulane saling ngingetna lah. Ah mbuh keh keder pan ngomong apa maning. Ngapurane ya nek ana sing ora menaki nang ati. Aku kur pengen dewek maju bareng ora sing liyane. Wis. Wassalam.